Hastha Brata
Hastha Brata menika asalipun saking tembung Hastha kaliyan Brata. Hastha inggih punika wolu kaliyan Brata inggih punika watak ingkang utama. Dados Hastha Brata punika 8 watak ingkang utama ingkang kedah dipungadhahi para pemimpin lan manungsa.
Hastha Brata menika ugi ajaran saking kitab Rama Jarwa, ingkang dipunanggit kailiyan Ki Jasadipura II ingkang wonten ing pupuh Pangkur. Isinipun Hastha Brata punika:
- Mahambeg Mring Surya
Artosipun pemimpin dipunarepaken saged nuladha watak srengenge. Inggih punika cahyanipun ingkang terang kagem sedaya makhluk. Dados, para pemimpin kedah gadah watak adil lan wibawa.
- Mahambeg Mring Candra
Artosipun pemimpin dipunarepaken saged nuladha watak wulan. Ingkang terang ing wedhal dalu lan saged maringi suasana tentrem. Dados, pamimpin kedah gadahi watak seneng tetulung lan saged ngayomi sedaya warganipun.
- Mahambeg Mring Dahana
Inggih punikapemimpin dipunarepaken saged nuladha watak geni, ingkang saged ngobong nopo mawon. Artosipun pamimpin gadahi watak ingkang tegas, wanton numindaki ingkang awon.
- Mahambeg Mring Krisma
Ingkang dipunarepaken pemimpin punika saged nuladha watak bumi. Artosipun sabar, loma, lan kedah resik atine.
- Mahambeg Mring Samodra
Dipunarepaken pemimpin saged nuladha watak samodra ingkang gelem dipunparingaken punopoke mawon. Dados, pemimpin punika gadahi watak sabar lan gampang menehi pangapuro.
- Mahambeg Mring Samirana
Inggih punika pemimpin dipunarepaken saged nuladha watak angin. Ingkang watakipun menika boten sinawang nanging saged dipunraosaken ing sadaya papan. Artosipun pemimpin saged raos wonten tyasipun warga. - Mahambeg Mring Warih
Artosipun pemimpin dipunarepaken saged nuladha watak toya. Inggih punika maringi katentreman lan mili wonten ashar.
- Mahambeg Mring Wukir
Artosipun pemimpin dipunarepaken saged nuladha watak gunung. Ingkang gadahi watak kuat, “kukuh” lan “tegas”.
Nanging, ugi wonten ingkang nyebataken menawi watak toya kaliyan gunung boten dipun sebataken. Lajeng dipunowahi kaliyan watak Lintang lan Mendung.
1. Watak Lintang artosipun tegas, saged dipunpercayani lan “bertanggung jawab”
2. Watak Mendung inggih menika pertanda jawah ingkang medeni nanging maringi berkah arupi udan. Artosipun pemimpin punika kedah wibawa, anjalari ingkang salah dados wedi lan maringi kemakmuran dumateng warganipun.
Hastha Brata punika warisan leluhue ingkang sea sanget maknanipun. Ingkang kedah dados tuladha dumateng sedaya manungsa ingkang wonten donya. Supados saged tumindak adil, tanggung jawab, loma lan tresna kaliyan alam menika.
0 komentar:
Posting Komentar